Laman

Selasa, 24 April 2012

DASANAMA (sinonim)


DASANAMA

alas
=
wana, kanana, janggala, wanadri, wanawasa, rimba
abang
=
abrit, mbranang, jingga, rekta
akal
=
budi,  budaya, nalar, reka, piker, angen-angen
andana warih
=
trahing kusuma, rembesing madu, trahing ngawirya, trahing ngaluhur, trahing ngawignya, tedhak turning satriya, tedhak turning amaratapa
alus
=
mardu, mardawa, tanu
aluwung
=
luwih becik yen, leheng, angur,
ambekan
=
napas, uswa, uswasa, niswasa
anak
=
atmaja, yoga, tanaya, weka, siwi, putra, sunu, suta
anggone
=
anggennya, dennya, olehe, anggonira, dera
angin
=
bayu, maruta, samirana, sindhung, pracandha, prahara, pancawora, aliwawar
angkuh
=
edir, nggunggung dhiri, dhiri, kumlungkung, gumendhung, kumenthus, sumengah, kibir, jubriya
arep
=
arsa, ayun, arsi, apti
asor
=
nistha, papa, dama, sudra, ina
asri
=
raras, rarasrum, resmi, endah
asu
=
segawon, sona, anjing, srenggala, cemera
ati
=
tyas, nala, wardaya, kalbu, mahah, galih, panggalih, kalbu, prana, sanubari
awak
=
angga, badan, salira, kuwanda, lingga, raga, tubuh, dhiri
ayu
=
sulistya, respati, endah
bagus
=
sigit, pekik, respati, jenthara
bala
=
wadya, tantra, koswa, bretya, wrahatbala, wadyabala, balakoswa
balung
=
astika, dalengka, walung, tosan
banget
=
arda, asru, dahat, atyanta, kamantyan, sakmantyan, mandra, tan sipi
bangke
=
kunarpa, wangke, parasu, sawa, kuwanda
banjur
=
tandya, gupuh, tandwa, saksana, nulya, tumulya, enggal, aglis, gya, agya
bantheng
=
andaka, nandaka, angun-angun, jawi, jejawi, kebodanu
bantu
=
ngewangi, ngrojongi, ngrujuki, nyondhongi
banyu
=
tirta, ranu, udaka, we, sindu, warih, her, tuban, jala, jahni, jahnawi
bapak
=
bapa, rama, sudarma, yayah
baya
=
bajul, sraba
bebaya
=
bancana, wancana, pringga, rencana, westhi, bilai.
becik
=
adi, tama, yogya, sae, tulyasri
beda
=
seje, pae, waneh, beneh, liya, benten
biyen
=
dhingin, dhihin, riyin (rumiyin), nguni, duk ing kuna
bledheg
=
bajra, gelap, guntur, erawati
bocah
=
rarya, rare, larya, wala, walaka, rarywa, kumara
bodho
=
jugul, mudha, pinging, punggung, blilu, kumprung
bojo
=
garwa, semah, somah, kuthumbi, kuthumbini, kucumbi, kalulut
bumi
=
bantala, kisma, pertiwi, pratiwi, pratala, siti, basundara, basundari, tanah, buwana, bawana, bantala, jagad
jagad
=
rat, alam donya, marcapada, ngarcapada, madyapada, manuswapada, janaloka, buwana, bawana
bungah
=
barsana, harsaya, tustha, trustha, wijah, girang, gumbira, suka-rena, asrana, arsaya, seneng, pramudita
buta
=
yaksa, wil, ditya, asura, diyu, danuja, danawa, klana, raseksa, brahala
cangkem
=
lisan, tutuk, nana, waktra, cocot (kasar)
cahya
=
sunar, praba, prawa, ujwala, senen, sunu
cantrik
=
cekel, manguyu, jejanggan, uluguntung, puthut
ciri
=
wanci, lelahi, cacad, lagean ala, saradan ala
conto
=
tuladha, kupiya, lepiya, darsana, palupi,kaca benggala
crah
=
pasulayan, congkrah, padudon (perselisihan : ind)
dalan
=
dlanggung, marga, lurung, hawan, enu, sopana, lebuh, yana, gili
deleng
=
dulu, myat, upiksa, priksa, nupiksa, mindeng, meleng
elik
=
penging, cegah, penggak, endhak, larang, waler, candhet, ampah
dewa
=
dewata, jawata, bathara, apsari, widadari, amara, apsara, widadara
dewi
=
dewati, bathari, apsari, widadari, surawadu, surapsari
dhaup
=
nikah, kawin, ijab, panggih asta
dhewe
=
pribadi, priyangga, anggana, piyam
dhuwit
=
arta, ardana, redana, yatra, picis
dhuwur
=
dhuhur, luhur, punjung, inggil, bentar
emas
=
kancana, rukma, rukmi, kanaka, suwarna, jene
endah
=
peni, raras, raras-rum, alep, resmi, respati, listya, sulistya, wicitra
enggon
=
panggonan, don (endon), sana, sasana, gwan, unggwan, panti
gada
=
bindhi, lori, dhendha, lohita
gajah
=
esthi, esti, dwipangga, gana, dirada, liman, dipa, dwipa
galak
=
rodra, lodra, krura, kruraya, darpa, darpaya, wiroda, pragalba, rota
gawe
=
kardi, karti, karya, kirtya, yasa
getih
=
ludira, marus, rah
kisruh
=
gidhuh, ngregoni, ngribedi, ngrikuhi, ngrewuhi
gegaman
=
bedhama, sanjata, astra, wastra
pangarep
=
pangajeng, pangarsa, pangayun, pramuka, panganjur, pramugari
gandhewa
=
langkap, laras, busur, danu
gedhe
=
agung, ageng, gora, goraya, dhakah
gendera
=
dwaja, lelayu, dludag, umbul-umbul, panji, rontek, tunggul
geni
=
agni, api, bahni, dahana, brama, pawaka, latu
gludhug
=
guntur, grah, guruh, gurnita, ketug, geter, pater, gelap ngampar, bledheg
godhong
=
ron, rondhon, patra, dhaon, parna, pradapa
golek
=
ngupaya, ngupadi, luru
goroh
=
cidra, mblenjani, ngapusi, culika
gugup
=
kesusu, kaselak, daya-daya, enggal-enggal
gulu
=
tenggak, jangga, lungayan
gunung
=
arga, ardi, wukir, ancala, acala, cancala, giri, prabata, prawata, aldaka, meru, redi, himawan, hardi
idu
=
kecoh, lubdaka
ilat
=
lidhah, jihwa
inten
=
sotya, nila, widuri, jumerut, manic, kumala, retna, barleyan, mirah
irung
=
grana, nasika, parsana, hanus, anus
jalaran
=
awit, karana, sabab, amarga
jaran
=
kuda, turangga, aswa, kapal
kalah
=
kasoran, kawon, kalindhih, kaplayu, kapracondhang, kaseser
ibu
=
biyung, biyang, rena, wibi, umi, indhung, puyengan
inten
=
retna, mustika, sesotya, kumala, kalengka, barleyan,  widuri, mirah, herlaut
jaran
=
kuda, turangga, aswa, wajik, , undhakan, titihan, kapal
jeneng
=
parab, juluk, jejuluk, bisikan, wewangi, sinambat ing rum, sinambat ing wangi, kekasih, rum-rum
kabeh
=
sadarum, kapwa, samanta, sakeh, sakweh, sanggya, sagung, alir, salwir, sakalir
kaget
=
kampita, kagyat, kejot
kahyangan
=
kadewatan, kadewan, suralaya, surapada, suraloka
kali
=
lepen, bengawan, narmada, benawi
kanca
=
rewang, rowang, kanthi
kangen
=
oneng, wulangun, kudhandhangan
karaton
=
kadhaton, kadhatun, kadatwan, kadatyan, pura, puraya, puri, dhatulaya
karep
=
niyat, esthi, cipta, praya, sedya, karsa, kayun, abipraya, kapti, parasdya
kasmaran
=
kesengsem, kedanan, gandrung, lulud, nandhang brangta, brangti, wuyung, kungyun, kayungyun, wulangun, turida, tresna
katon
=
kawistara, kawuryan, kengis, kaeksi, katawis, katingal, kasatmata, kasatmripat, kawangwang, katinon
kaya
=
lir, kadi, kadya, pendah, lir-pendah, angler, kados, pindha
kayangan
=
kadewatan, kadewan, suralaya, surapada, kahyangan, suraloka
kebo
=
maesa, danu, mundhing
kembang
=
puspa, puspita, sekar, padma, sari, kusuma
kendel
=
darpa, sura, sudira, wani, nirbaya, nirbita
keris
=
curiga, katga, suduk, wangkingan, duwung
kethek
=
rewanda, kapi, kapiwara, wre, juris, wanara, palwaga
kraton
=
kedhaton, kadhatyan, datulaya, puri, pura, puraya, prasada
kidang
=
arina, mrega, wariga, saraba, cemuru
kilat
=
thathit, obar-abir, laban, lidhah, widutya, cleret
kobong
=
kobar, kabesmi, katunu, kawlagar
kuburan
=
astana, sentana, pasetran, makam, jaratan, sentana
kulit
=
wacucal, walulang, kusika, carma
kuning
=
jene, jenar, punar, pita
kuping
=
talingan, karna, karni
kuwatir
=
maras, sandeya, sumelang, walang-ati, walang kayun, walang kapti, wancak driya, wancak galih
lali
=
supe, limput, limut, kalipyan
lan
=
lawan mwang, myang, kalawan, kalayan, tuwin, saha, miwah, tanapi, sarta
langit
=
awang-awang, antariksa, dirgantara, jumantara, ambara, wiyati, wiyat, tawang, gegana, akasa, angkasa, bomantara
lemah
=
kisma, butala, buntala, bantala, pratiwi, kiswa, keswa, siti
luh
=
waspa
lara
=
roga, rapuh, agring, wikara, gerah
lawang
=
kori, konten, dwara, wiwara
layang
=
nawala, serat, kintaka, pustaka, patra, walgita, wilapa
lemah
=
bantala, kisma, pratala, pratiwi, bumi, basundara, basundari
lestari
=
lestantun, sempulur, widada, tulus
lintang
=
wintang, kartika, sasa, sudama, taranggana, tasa
lunga
=
anis, angles, mentar, wisata, mendra, linggar
mabur
=
muluk, ngambara, njumantara, nggegana, napak wiyati, mahawan akasa
macan
=
sima, sardula, mong, arimong
maling
=
pandung, curi, durjana, duratmaka, weri
mangan
=
madhang, semekan, mangsa, mbadhog, ngemes, nyaplok, nguntal, nocok, nocor, sarapan
manuk
=
peksi, kukila, kaga, paksi
marang
=
menyang, ring, mring
mati
=
palastra, pralaya, ngemasi, pralena, mancal donya, tinggal donya, murud ing kasidan jati, gugur, seda, kondur ing tepet suci
mayit
=
jisim, layon, bangke, wangke, sawa, kuwanda, kunarpa, bathang
menang
=
unggul, jaya, sasap, mimpang
mirunggan
=
miji, ora padha, lalahanan, mina
narpati
=
senapatya, pramugari, panglima, bretyapati, narawara, gedhigmanggala,
mesakake
=
kawlas-asih, kawlas-arsa, kawlas-ayun, memelas
meteng
=
ngandhut, nggarbini, wawrat, mbobot
misuwur
=
kawentar, kasusra, kombul, kondhang, kaloka, kalok, kajanapriya, kajuwara, kaonang-onang, kongas, kontap
mlaku
=
lumampah, lumakswa, lumaksita, lumaksana, lumaris
mlaku
=
lumaksana, lumakwan, lumaksya, lumaris, lumampah
mung
=
among, naming, muhung, anging, kewala
murub
=
mubyar, ngalad-alad, mangkara-kara, lumeng, jwalita
nalika
=
kala, rikala, duk
nangis
=
karuna, maca udrasa, muwun
nepsu
=
krodha, bendu, muntab, mangkrak, duka, muring
ngarang
=
nganggit, ngrumpaka, nggita, nggupita, nggubah, ngripta,  mangapus,
nom
=
taruna, mudha, timur
nyawa
=
atma, atmaka, jiwa, yitma, suksma, satmaka, badan alus, ruh
nyawang
=
mulat, ndulu, anon, wrin, udani, wikan, upiksa, upaksi
omah
=
wisma, bale, panti, suyasa, dalem, griya, greha, pondhok, wangon
palagan
=
payudan, paprangan, pabaratan, rananggana
omah-omah
=
nambut silaning akrami, palakrama, karma
omong
=
muwus, mojar, nabda, micara, angling, wacana, celathu, kandha, sabda, ucap, gunem, catur
panah
=
warastra, jemparing, sayaka, hru, astra, warayang, bana, margana, naraca
panengah
=
pamade, pamadya, wirun
pandhita
=
resi, muni, wiku, yogi, wipra, muniwara, maharsi, dwija, dwijawara, mahamuni, resiwara, yogiswara, mahayekti, panembahan, yati, suyati, mahayati, mahayekti
prameswari
=
nareswari, narpawadu, narpadayita, natadewi, nahisi, biniaji, suri
patih
=
nindyamantri, mantriwredha,  mantrimuka, warangka-praja, mantringayun
prawan
=
kenya, rara, dhara, sunthi
pangan
=
boga, baksa, baksana, bukti, boja, tedha, dhahar
paturon
=
pagulingan, papreman, tilamsari, tilamrum, jinemrum, jinemsekar, jinem-mrik, gupit, gupit mandragini
pekik
=
bagus, sigit, sulistya ing warna, respati ing warna
perang
=
jurit, yuda, banda-yuda, bandawalapati, rana, pupuh, laga, pancabaka
pinter
=
wasis, lebda, wignya, nimpuna, lantip, waskitha, wikan, ngalim, pana
prajurit
=
bala, wadya, wadyabala, kuswa, balakuswa, wrahatbala, tantra
pitutur
=
wewarah, wuruk, wasita, warsita, wursita
pujangga
=
kawindra, kawitana, kawiraja, kawiswara, kawiwara
rai
=
praupan, wadana, pasuryan, muka, waktra (uga ateges cangkem)
rambut
=
rema, rikma, weni, kesa, roma, sinom, jatha
rame
=
umyang, umyung, atri, ramya, gurnita
rampung
=
paripurna, palastha (pulastha), labdakarya, palakarta
ratu
=
katong, raja, narendra, nareswara, pamasa, pamase, dhatu, narpa, narpati, narapati, nata, naranata, naradipa, naradipati, buminata, aji, sang aji, bupati
reca
=
arca, bimba, pratima
rembulan
=
candra, badra, sitengsu, sitaresmi, sasadhara, sasi, soma, lek, wulan, kirana, basanta, itakara, tasadara, tasing, purnama
sadulur
=
kadang, kadeyan, sanak, wandawa, sentana, wangsa, warga
sandhangan
=
ageman, panganggo, busana, wastra
sanggar
=
panggonan, papan, langgar
sikil
=
suku, pada, carana, jeng, samparan, sampeyan
sagara
=
saganten, tasik, arwana, udadi, udati, waudati, samodra, jaladri, jalanidi
sagung
=
salwir, sangyaning, sakabehe
sakala
=
sanalika, sawatgata, saekal, saiki uga
selak
=
mukir, singlar, kumbi, kijat, kikib
siya-siya
=
nganiaya, sawenang-wenang, daksiya, sawiyah-wiyah, sikara, anggep-anggepan
slamet
=
raharja, basuki, widada, sugeng, yuwana, swata, rahayu, wilujeng
turun
=
tedhak, trah, turas, wijil, rembes, bibit
sanjata
=
gegaman, badhama, astra, warastra
sapi
=
lembu, andini (nandini), wresaba, nandaka
saresmi
=
sacumbana, karon-sih, lambang-sari, salulut, pulang asmara, pulang sari, pulang raras, among hyun, among raras, among resmi
sedhih
=
sungkawa, rudah, rudita, rudati, rudatin, rudatos, tikbra, susah, kingkin, margiyuh, katresan, duhkita, turidha, wigena, sekel, galana, wiyadi
senapati
=
bretyapati, narawara, pramugari (panggedhene prajurit)
sigra
=
saksana, tandya, nulya, tumulya, aglis
sing
=
kang, nikang, nikanang, ponang, kanang, rikanang
sirah
=
murda, utamangga, kepala, mustaka, kumba
srengenge
=
baskara, bagaskara, bagaspati, diwangkara, pratanggapati, pratanggakara, surya, prabangkara, raditya, radite
sumaput
=
kapidara, kantaka, tan enget purwa duksina, klenger
sumelang
=
walang ati, was, was-sumelang, kuwatir
tansah
=
anggung, manggung, nityasa, sanityasa, tan angop
tatakrama
=
subasita, kramaniti, parikrama, udanagara
tapa
=
mratapa, teteki, matiraga, manungku puja, tarak-brata, mesu brata, mahas ing asepi
taun
=
warsa, warsaya, warsaka
ula
=
naga, taksaka, sarpa, sawer, ardawalika
untu
=
denta, danta, waja, waos
weweh
=
punjung, tonjok, pakepel, oleh-oleh
wit
=
watang, batang, prabatang, wreksa, kayu
tengah
=
madya, teleng, wiwara
lanang
=
priya, jalu, jaka, bambang, kakung
wadon
=
wadon, wanodya, pawestri, dyah, sri, endhang, rini, juwita, retna, dayita
utusan
=
duta, caraka, cundaka, kongkonan, wimbasara, gandhek (sakembaran)
utusan
=
duta, caraka, cundaka
wegah
=
tan apti, tan arsa, tan ayun, lumuh, lenggana
wekasan
=
wusana, wasana, pungkasan, temahan
weruh
=
sumurup, uning, uninga, udani, anon, priksa, wrin, wikan, upiksa, upaksi, anon
wicara
=
sabda, wacana, wuwus, ujar, ling, angling, kandha
wong
=
jalma, janma, manungsa, jana
wong luhur
=
wijiling andana warih, tedhaking kusuma, rembesing madu, trahing awirya, turune wong luhur
yen
=
yan, manawa, manawi, bilih, lamun, kalamun

                                                                                     cpt-purba

Tidak ada komentar: